Selasa, 29 November 2011

sastra jawa

SUGENG RAWUH

Sugeng rawuh ing www.sastrajawa.com, panggonane golek2 artikel basa, sastra, lan budaya Jawa. Basa kulonipun welcome to www.sastrajawa.com, place to find articles languade, litterature, and javanese culture.
Sumangga ngakses www.sastrajawa.com. kanthi mardu-mardikaning panggalih…..
Posted in Pambuka | 12 Comments

UPACARA TINGKEBAN


Upacara tingkeban ana ing masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta nganti tumeka saiki isih kereb ditindakake. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake mesthi wae nduweni ancas kang kepengin digayuh dening kulawarga, mligine ancas supaya bayi lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa. Continue reading
Posted in Upacara Adat Jawa dan Perlengkapannya | 14 Comments

MANEKA WARNA UPACARA MLIGI KANGGO MIMBUHI KAWRUH BAB UPACARA NINGKAH CARA JAWA

Ing bab ningkah cara Jawa, ana sawetara pakulinan mligi kang katindakake, gayut karo kang diningkahake. Dheweke iku statuse ana ing kulawarga kepriye. Upamane: randha apa dhudha, anak barep apa wuragil, nglangkahi, lan liya-liyane. Upacara mligi kang sok-sok ditindakake upamane: Continue reading
Posted in Upacara Adat Jawa dan Perlengkapannya | 3 Comments

MANTU (Upacara Sadurunge, Tempuking Gawe, lan Sauwise)

Tembung mantu, manten, panganten, sri pangantyan, iku kerep keprungu. Nanging apa ta tegese? Kabeh mau padha apa ana bedane? Kaperluan utawa duwe gawe  diarani mantu, jalaran nikahake (mala kramakake, ndhaupake,  miwaha, njodhokake, ngijabake) anak kang mujudake kuwajibane wong tuwa (darmaning asepuh) sing wis suwe diantu-antu, diarep-arep, direrancang,  digegadhang, digantha-gantha. Continue reading
Posted in Upacara Adat Jawa dan Perlengkapannya | Leave a comment

SESORAH

Nuwuhaken Tresna Bab Basa, Sastra, lan Budaya Jawa
Nuwun,
Agunging pakurmatan konjuk dhumateng para rawuh, kakung sumawana putri, mirungganipun dhumateng para kadang mudha ingkang tansah manggih karaharjan. Nyuwun agunging pangaksama wondene kula sampun kumawantun ngadeg matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, nun inggih awit saking adrenging manah anggen kula badhe ndherek urun rembag menggah babagan kawontenanipun budaya Jawi tumrap generasi mudha. Continue reading
Posted in Sesorah | 10 Comments

BAB SERAT KALATIDHA

Serat Kalatidha iku sawijining tembang anggitané Ranggawarsita. Isiné perkara pasambatané yèn ing jaman samono wong kudu mèlu-mèlu perkara sing kalebu ala supaya bisa ‘maju’. Tembang macapat iki kabèh ing pupuh Sinom lan ana 12 pada gunggungé. Karya sastra iki ditulis kurang luwih taun 1860 Masehi. Kalatidha kuwi salah siji karya sastra Jawa kang kawentar. Malah nganti saiki isih akèh wong Jawa, utamané kalangan tuwa kang isih apal paling ora sapada tembang, yakuwi pada kapitu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar